SECUIL SUMURBANDUNG
Nang
sumur bandung ana sekolahan jenenge SD N BREBEG 02. Sekolahan kuwe tempat nggo
nampung bocah bocah sekitar Sumurbandung, cimuncang karo wadungan. Bocahan kuwe
rata rata anake wong tani, penderes, buruh tani, pedagang karo sebagian anake
guru. Senajan anake wong tani tapi pada pinter pinter ora kalah karo wong kota.
Jarak
nggo meng kota be adoh banget, kudu ngliwati kurang lebih 40 km meng pusat kota
cilacap. Urung dtambah karo dalan sing uapike pool alias ngrunjal nggunjal akeh
lobange kaya sawah. Tapi kuwe ora merekna surut semangate bocahan nggo sekolah.
Sing pada lulus SMP biasane sekolahe meng kota karna snang Brebeg mung ana
PAUD, TK, SD karo SMP.
Angkutane
nganggo koprades tapi sebagian akeh sing wes pada due motor palah mayoritas
amben umah ndue motor kabeh. Dalan sing pada rusak ora masalah bagine sing pada
dwe semangat urip nggo nganjutna sejarah dewek dewek.
Nang
daerah wadungan potet ana pemandangan sing apik banget, biasane pranti nggo mancing
nang uwong uwong. Lokasine perek karo pertamina, posisine nang jegir duwir dadi
bisa ndeleng cilacap karo geni peretamina sing mulab mulab. Terus ana kali
anakan sing nggo pranti mancing, kali kue urutane sekang nusa kambangan.
Lanjutane
ngesuk maning ya….heheheheh….uyeeeeeeeeeeeee”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar